KASETSU

For KASETSU


Assalamu’alaikum Wr. Wb…

Sebelum cerita ini dimulai, jika ada kesamaan kata dan penokohan, ini hanya fiktif belaka…:D

Arigatto mina, arigatto KASETSU yang selama kurang lebih 3 tahun kita bersama, yaa walaupun banyak yang sendirinya sih tapi yaa gapapa,, ada waktu dimana kita sendiri dan ada waktu juga dimana kita HARUS BERSAMA. Intinya aku ingin mengucapkan arigatto kepada kalian dan sayonara menuju kehidupan baru kalian, yang mungkin lebih dari 50 % ada yang tidak bisa bertemu lagi karena kita tidak tahu seperti apa takdir dan nasib kita. Jadi, aku minta maaf atas semua kesalahanku, semua kelakuanku, dan banyak lah…


Aku sebutkan satu persatu kesanku ke kalian :

1. Abdul Rahman Saleh
Rahman, makasih wis dadi tempat sharing anime :D . Anime mesti update terus, keren ah…:D . Mungkin neng KASETSU sing paling salting yen diledek pacaran yaa koen tok man… tapi yaa itulah karaktermu. Polos tapi ora terlalu polos, kaya warna putih pucat berisi (mbuh maksude apa)… terus juga diajak ngobrol kadang jawabe ora nyambung… Intine makasih wis dadi kancane aku selama 3 tahun…








2. Adi Irwanto
Irwan, makasih yaa wis dadi tempat sharing ilmu karo WIFI ne :D . Kowen memang rival terbaikku, mungkin (yen sida kuliah) ngko kita sekelas maning…:D . Karakter dinginmu ngluwihi aku mungkin yen dibandingna karo aku dong esih SMP. Mbiyen dong kelas 10, aku nargetna dadi sainganku neng matematika. Eh tapi kowen kaya rokok, kecil tapi yen dinyalakna sing nyalakena pada keokk (mungkin aku salah siji korbane)…:D Intine makasih wan, wis berbagi terus, eman karo aku (masalah koneksi)… :)






3. Ali Muhyidin Bahri
Ali, makasih wis dadi penasehat pribadiku (aku sing nganggep)… Ndean awit aku kelas 10, kowen emang pemberi nasehat paling apik lah, neng kono aku belajar “ada waktu dimana kita berfikir untuk kedepannya dan ada pula dimana kita berfikir saat ini” yaa walaupun aku kadang menelan mentah – mentah nasehate kowen, malah akehe ora dilakoni. Yaa walaupun kowen wonge sering laka duit (mirip aku sih) tapi dong ana duit kadang berbagi maring SR tuku batagor mboran…:D Intine makasih nemen li, berkat pengalamane kowen sing nyiptakena nasehat sing logis sing gawe karakter/sifate aku berubah drastis (gara – gara pas kelas 10 pas pan MOKK kowen ngomong neng aku intine “dadi wong aja terlalu pendiam, ngko hidupe datar – datar tok, meneh gabung gawe yel – yel…”)…

4. Aliif Saputra
Aliif, makasih wis dadi wong sing penyabar, aku ngerti pas ujian praktek seni budaya ndean kowen nggrundel/ juwet soale sing bisa musik improve yaa koen tok, tapi kowen tetep sabar. Pas kowen ngadepi sikape tyo yaa disabar sabarkena yaa lip…:D . Tapi menurute aku bocah lanang sing neng kelase dewek sing atine paling rapuh yaa kowen,, atine kowen mudah merasakan sesuatu walaupun sing nyentuh kwe debu. Terus pas kowen maju dikongkon guru BK (mbuh sapa klalen) gon nyebutna kelebihane kowen, terus kowen njawab kowen kwe bisa dibilang jenius. Yaa sedurunge kuwe aku be wis percaya yen kowen jenius. Sing gawe aku seneng sifate kowen kwe jujur neng kabeh ulangan, walaupun kowen wis bener – bener wis terpojok. Intine makasih nemen lip,, wis nunjukena sifat apike kowen…

5. Anggi Sekar Wulandari
Anggi, makasih wis nyediakena tempat kerja kelompok fisika gawe teropong karo tugas makalah matematika. Pas kuwe juga yanko nembe gelem melu kerja kelompok. O iyaa, salam nggo ibune, es melon karo sayur asem apa sop’e (klalen) enak nemen…:D . Yaa walaupun aku ora terlalu kenal karo kowen. Aku kadang bingung, bisane kowen yen ngomong lirih nemen, tapi sakwise semua berlalu aku nembe ngerti yen Allah wein kelebihan karo kekurangan kwe beda – beda. Mungkin suara lirihe kowen ana maksud liya ben kowen dadi wong sing sopan, lirih yen ngomong karo wong sing luwih tua (kwe menurute aku sih)… Intine makasih nggi, wis dadi kancane aku, walaupun jarake kurang perek sih…:D


6. Ani Safitri
Ani, makasih. Dong kelas 10 aku ngertine ora bisa akrab karo kowen, tapi pas kelas 11 aku ngileng tyo, bambang, sapri bisa akrab karo kowen, dadine aku pereki cah 3 miki trus aku bisa perek (walaupun secuil sih) ditambah ana esti. Yaa dadi lumayan perek…:D Ngko dong kowen wis kerja aja keseringen telat, telat sing sewajare bae, aja terusan (padahal aku be langganan) mbokan ngko atasane kowen terlalu sayang kowen terus nganti nganggep kowen ora pantes kerja sing kaya kue kan bahaya oh….:D Intine makasih ni… salam 666…:D










7. Bambang Saputra
Bambang, makasih wis dadi kanca sing unik (unike apa mbuh, intine kowen sing paling unik)…:D Dong kelas 10, aku ngileng kowen kaya “kye bocah bisane ora omong – omongan karo bocah liyane” pas kuwe aku pereki terus ngobrol. Eh ternyata kowen wonge asik diajak ngobrol, yaa walaupun kowen ora memperlakukena aku kembar karo bocah lanang liyane. Jarang (malah ora tau) kowen ngebully aku karo irwan (aku be ora ngerti alesane tapi mbokan neng mburine lagi bully aku ding)…:D . Aku kelingan pas pelantikan PMR, kowen diomongi pemimpin letoy, tapi yen pegawean sing aku wein neng kowen pas drama bahasa jawa langsung dikerjakna terus dadine yaa apik (mirip kaya duwe kemampuan terpendam) tapi pas dicekel rahman dadi ancur (maaf man)…:D Intine makasih mbang, wis dadi kanca sing unik… :) kurangi ngr*k*k’e…

8. Detri Idayati
Detri, makasih wis dadi sahabat (wadon) terbaikku…:D padahal yaa aku males ngomong karo kowen, kowen bocahe rempong, cerewet. Kadang pas aku lagi badmood malah tambah down maning gara – gara kowen cerewet (wein saran tapi cerewet’e aja dimetukena). Yen dadi wong kwe aja pasrah yen di bully, sekali – kali dibales, dadine laka sing jahili kowen maning. Soale pas bocah jahili kowen kwe bocah kuwe lagi golet cerminan dirine dewek marang kowen (intine kowen dadi kacane) yen kowen datar – datar bae (cermin datar) alias ora bales, kwe bocah ora bakal puas yen penampilane kaya kue tok. Coba yen kowen dadi cermin cembung apa cekung, mesti kwe bocah penasaran bisane kaya kie, sing salah kacane apa akune…:D Intine makasih det, wis dadi sahabate aku… :)

9. Fanny Ananda Rizqi
Fanny, makasih wis dadi kanca sing perhatian karo aku…:D Mungkin yen kowen mbiyen ora pacaran karo zaki aku ora bisa perek karo kowen. Kowen sebenere wonge apik tapi cara penyampaiane sing salah, nada bicarane di alusi maning yaa (walaupun emang karaktere kowen kaya kue, tapi setidaknya diperbaiki sedikit)… :) Mbiyen aku secara ora sengaja dadi orang ketigane kalian (fanny karo zaki) curhatane kalian berdua marang aku beda kabeh, dadine aku coba pelajari + telaah secara perlahan ben ora salah wein saran…:D tapi gara – gara kalian aku bisa nglatih kemampuan analisaku terhadap masalah – masalah sing ana (soale pas pertama kelas 10 aku kurangen masalah)…:D  Intine makasih fan, wis perhatian karo aku, saran cari yang ada diatasmu… :)

10. Futiha Nurunnisa
Futiha, makasih wis olih nyilihi laptop’e nggo downloadi anime…:D Neng kelas sing bisa WIFI.ID’nan cuma kowen karo irwan, dadine yaa siap – siap aku silih terus. Oh iyaa,, neng kelas sing berubah drastis cuma kowen, mbiyen kowen wonge grogi nganti presentasi PPKn tentang pelanggaran HAM aku juwet nemen. Tapi saiki wis berubah total, dadi luwih wani terus senenge nylemong. Aku ngirane kowen kesurupan setan…:D Tapi aku malah seneng kowen sing kaya kie, aku be kangelan cara ngerubah sikap. Intine makasih fut, wis dadi kancane aku… :)





12. Imamatul Hikmah
Ikmah, makasih wis dadi kancane aku. Neng KASETSU sing paling glamour yaa kowen tok…:D Terus yaa dong UPK yen wedi kwe aja keterlaluan, dicoba disit, apa salahe yen dicoba, yen wis pikirane buntu nembe takon. Dadine aku ora keder njawabe…:D Kowen juga terlalu rempong, tapi orapapa, itulah sifatmu yang aku suka. Terus juga kowen wonge gampangan, dong presentasi PPKn kowen tak kongkon dadi leader’e kowen langsung setuju. Terus pas UP bahasa Indonesia kowen dikongkon dadi tokoh utamane yaa gelem…:D Intine makasih im, wis percaya karo aku… :)




13. Inayatul Fitroh
Iin, makasih wis dadi bendahara sing apik. Aku ngerti neng atine kowen nggrundel soale dong kelas 11 aku jarang bayar kas. Sebenere anjog saiki aku nganggep kowen kwe kaya esih jengkel karo aku (tapi mbuh ding, aku ora ngerti)…:D Komplotan para pecinta korea, neng kelas yaa senenge nontone kue bae (padahal sih aku yaa pada bae)… umahe kowen dadi base camp kerja kelompok paling utama, ora kerja kelompok tok sih. Akeh kenangan sing tersimpan neng umahe kowen, mungkin yen pan nginget maning kebersamaan KASETSU gari neng umahe kowen bae yah…:D Intine makasih In, umahe kowen wis dadi celengan kenangan’e KASETSU… :)



14. Indri Amelia
Indri, makasih wis dadi kanca terjones’e aku (padahal ana sing liyane sih)…:D Walaupun neng kelas akeh sing jones, tapi dong krungu kata jones aku ngilenge kowen…:D Aku ora ngerti bisane kowen weruh – weruh diundang Inez, mungkin karena aku kurang peduli yahh. Kowen partner’e iin (masalah korea), tapi mbuh saiki wis tobat apa durung, kayane tah uwis…:D Saka kelas 10 anjog saiki bocah KASETSU sing aku ora duwe nomor HP’ne cuma kowen tok. Mbuh kenangapa aku be ora ngarti bisane neng HP’ne aku laka  nomore kowen…:D Intine makasih ndri, wis dadi kanca terjones’e aku. Ngko yen aku wis manjingna nomere kowen neng HP’ne aku insya allah kowen langsung olih pasangan yang setia…:D


15. Khusnul Nuzuliah
Khusnul, makasih wis dadi kanca sing yen sms kwe takon bae…:D Maaf sebenere neng mburine kowen aku kwe ngebully kowen terus, ngledeki kowen terus, tapi ora aku tok ding…:D Ndean kowen tok sing niat nemen belajar sejarah, aku be nganti heran, enake sejarah apa loh, isine hafalan tok tanggal tahun, mending tanggal jadian (tapi aja tanggal putus)…:D Kadang juga sifate kowen sing yaa rada – rada manja sih, malah sing gawe heran kowen kwe ngefans nemen karo tiba (jatuh). Herane maning tibane kwe neng tempat sing kembar loh…:D aku mikire kwe sikile wis ora kuat nyagaki apa pimen??? (bercanda, aja dimanjingna neng ati)…:D Intine makasih nul, wis dadi kanca belajar sejarah’e aku… :)


16. Kris Yuliarti
Entis, makasih wis dadi kanca terpendek’e aku…:D Sebenere aku keder, kata Entis dijukut saka ngendi loh?? Namane kowen Kris Yuliarti, tapi ngundange Entis, aneehh -_- Dong kowen karo KASETSU olahraga, bocah lanange kan wis rampung manjing kelas disit, terus nuker rok’e kowen karo gene nurin, gene mila dituker karo gene uun. Ndean yen langsung dienggo kaya apa yahh?? :D Dong pan kelompok KP pas pang neng umahe tyo kan aku ngongkon kowen siap – siap disit, aku pan OTW, tapi pas wis anjog neng umahe kowen, kowen durung apa – apa, adus’e kesuwen maning. Neng kono aku sabar - sabarkena ngenteni kowen… -_- Intine makasih tis, wis dadi kanca terpendek’e aku… :)


17. Lutfiana Rachmi
Fian, makasih wis dadi kancane aku…:D Maaf juga dong kelas 11 aku pernah nyakiti atine kowen gara – gara ngomonge aku sing ngelantur. Pas tugas rabanjar kelas 12, kowen wong sing aling niat nemen ngerjakena materi sing menurute aku angel nemen. Malah nganti inisiatif maring mas biqih njaluk bantuan. Terus debut kelas 12’e kowen dadi anak kesayangane bu Rin (enak oh…) :D Sebenere dong diajak kelompok, kowen sing paling enak diajak kerjasama (tapi pas kelompoke bareng) pendapate kowen langsung dilakukena, dadine aku duwe gambaran sing jelas nggo ambil jalan…:D Intine makasih fian, wis dadi kanca kerjasamane aku… :)



18. May Sandra Putri
May, makasih wis dadi,, dadi apa yahh…:D makasih wis dadi penyemangat atine aku… :) Kamu sebenere sifate yaa mirip aku, cuma kamu lebih tertutup. Mirip bongkahan es, tapi neng njerone ana api, sing perlahan dadi “key” nggo mbuka pintumu yang tertutup. Yahh aku juga ora ngerti bisane kamu tertutup, tapi sing aku ngerti semua orang pasti punya masa lalu yang suram sing ngrubah sifat dan perilaku. Emm,, apa maning yahh… Sebenere akeh nemen kenangan – kenangan dari kamu sing neng pikiranku, karena selama kelas 10 karo kelas 12 perhatian mataku tertuju ke kamu. Tapi entah, kelas 11 aku ngga inget apa – apa kenapa aku jauh dari kamu. Sebenere esih akeh cuma melasi jarine aku…:D Intine makasih may, wis dadi putih’e aku… :)

19. Mila Zuhriana
Mila, makasih wis dadi kancane aku paling aktif…:D Neng kelas bocah paling aktif, paling rebut dewek yaa kowen mil. Mbuh kenangpa yen sing ngomando kowen gon pada kumpul bocah pada gelem. Apa kowen emang wis bakat dadi leader?? Tapi menurute aku dudu karena bakate tapi aura ungune kowen sing narik perhatiane bocah…JMenurute aku kowen bocah paling sempurna (yaa walaupun laka manusia sing sempurna) wis duwur, kadang bisa dadi tomboy kadang bisa metukena sifat keibuan (kwe sengertine aku sih)…:D pokoke kowen laka – laka mil…:D Intine makasih mil, wis dadi kancane aku paling aktif…




20. Muhammad Zakiyuddin
Zaki, makasih wis dadi sahabate aku… :) Mbuh kapan aku nganggep kowen sahabate aku, aku be ora ngerti alesane bisane aku nganggep kowen sahabat, mungkin gara – gara masa lalune aku…:D Cuma saran, pemikiran cah lanang karo cah wadon kwe beda, cah lanang aja nuruti keiginane dewek, cah wadon yaa aja nuruti perasaane dewek. Cermati masalahe, terus ambil jalan tengah (mbuh aku ora ngerti aku ngomong apa)…:D Terus yen ana tugas aja terus – terusan digawe enjoy,, mbokan ana sing ora terduga langsung nyerang kan ngko gawe repot kowen… :) O iyaa salam nggo group KeceBoong…:D Intine makasih zak, wis dadi sahabat terbaikku… :)



21. Nurin Afilia Avitza
Nurin, makasih wis dadi kanca paling eman…:D Pengin ana tugas terus kelompok bareng kowen maning, dadine balik kelompok wetenge wis ora kroncongan…:D tapi yen wein panganan aja kakehen, dong kelompok KI wis ana jajan, tuku olos karo gorengan, terus gon mangan bakso (overdosis makanan) tapi wareg sih iya ding…:D Oh iyaa makasih juga quotane, download anime dadi tak full’na…:D Intine makasih rin, wis dadi kanca paling eman… :)







22. Okta Amalia
Okta, makasih wis dadi kanca sing seringe njiwit, lara maning nganti gosong kabeh…:D Dong kelas 10 aku ora ngerti yen kowen kwe alumni Stupank, aku ngertine kowen alumni Sdupank…:D apa gara – gara kowen ora terkenal??? :D Cuma saran, gunakan kemampuan’e kowen dewek. Hasil kurang maksimal orapapa, nah saka ora maksimal kwe kowen bisa ngileng kelemahane neng endi terus perbaiki nganti laka lubange…JIntine makasih Ok, wis dadi kancane aku… :) salam capcin…:D






23. Pike Kristina Pramiati
Pike, makasih wis dadi kanca sing senenge gawe status galau…:D Dong aku buka fb mesti isine statuse kowen kabeh, aku nganti ngantuk mbacane terus tak scroll tok…:D Pan tanding jepret – jepretan maning?? Eh tapi wis ora bisa maning yahh…:D Yen gawe status sing akeh aja galau, motivasi yaa kena walaupun neng status tulisane “ Apa yang Anda pikirkan?” aja langsung ditulis tentang perasaane kowen oh. Yen aku jahat tah pan tak Unfriend (justkiding)…:D Intine makasih pik, wis dadi kancane aku… :)





24. Rohmania Komara

Nia, makasih wis warnai kehidupan semester 2’ne aku… :) Aja terlalu dadi bocah cengeng, yaa walaupun kwe wis karakter, tapi aja nunjukena kelemahane kowen, soale permasalahan ora bakal bisa selesai yen cara ngatasine cuma nangis. Ana saat’e kowen nyembunyikena kelemahanmu dan berdiri diatas duri (aku ngomong apa sih)…:D Aku be sebenere juga esih trauma nyetir motor neng ngarep sedangkan ana bocah neng mburine aku, terus juga trauma dadi petunjuk arah…:D Intine makasih nia, wis dadi penghias, walaupun cuma sebentar…:)





25. Sugesti Ningrum
Esti, makasih wis dadi kanca sing namane paling unik…:D Sugesti, namane keren, bisa ngrubah hal sing bahkan mustahil dilakukan menjadi mungkin. Tapi wonge juga kaya kue ora yah?? Jare aku kowen wonge kalem (mirip angin neng padang rumput), aku be durung weruh kowen jengkel. Oh iya,, ndean yen bocah KASETSU wis misah, kangen karo tik tok’e kowen, tik tok’e kowen mungkin juga kangen karo bocah KASETSU…:D Intine makasih Es, wis dadi kancane aku… :)






26. Syafrie Muzaki
Syafri, makasih wis dadi kanca sing dadi kesenangane bunda ningsih…:D Ndean yen aku ngileng kowen ngko kelingan bunda Ningsih…:D Aku seneng sifate kowen sing senenge debat (berfikir kritis). Terus neng KASETSU juga ora bakal dilupakan soale ana kowen (sebagai artis dadakan)…:D Mbiyen aku pan akrab karo kowen be angel nemen, mbuh pas aku ngobrol karo kowen kwe mesti ana kaya tarikan ben aku ngadohi kowen. Tapi saiki tah ora…:D Intine makasih Pri, wis dadi kancane aku… :)






27. Tenti Lidiyasari
Tenti, makasih wis dadi kanca paling lucu…:D kelakuane kowen ndean ora bisa tak hapus neng ingatane aku ten, bocah lucu, yen mangkat sekolah jarang adus, saiki kudu tobat loh. O iyaa kucinge esih ana?? Yen ana salam nggo kucinge kowen…:D Kiye fotone kowen ngko tak pajang sing paling apik sedunia…:D Maaf ten yen aku karo zaki sering ngerjani kowen (kowen wonge enak yen dikerjani, kemungkinan peringkat 2 (peringkat 1’ne detri))…:D Intine makasih ten, wis dadi kancane aku…:)






28. Tyo Repsi Harta Sanjaya
Tyo, makasih wis dadi kanca sing paling aktif neng ekstra…:D Mbuh apa sing gawe kowen seneng nemen karo ekstra, mungkin karena pengalaman terus juga akeh kancane (menurute aku). Makasih gara – gara kowen acara pelantikan PMR pas maghrib nganti Isya pasa mati lampu ora ancur. Pengalaman’e kowen neng ekstra emang wis master…:D Tapi yen neng kelas aja kanda ekstra bae (gue bosan)…:D hehe alay… Terus yen ngomong aja kecepeten, gas’e diciliki. Aku yen ngrungokena kadang keder tapi pura – pura  mudeng…:D Intine makasih yo, wis dadi kancane aku…:)




29. Umi Farikhatun
Umi, makasih wis dadi bendahara yang baik hati dan bijaksana (tapi ora ikhlas)…:D Aku kelingan dong kelas 10 pas gon dadi pengawas tadarus, jatahe aku karo kowen...:D SMS yaa sering ora dibales. Kenangan paling apik aku karo kowen pas nggolet bis nganti neng Pemalang. Tangane wis pada pegel, gene bis’e wis di booking kabeh. Terus ora sida AT maning -_- tapi orapapa lah, ATne ngko dong reuni’an. Terus bisane SNMPTN kowen ketrimane dudu neng TI?? Tapi orapapa ding, jare pak wahidin enak…:D Intine makasih mi, wis dadi kancane aku… :)





30. Uun Umihani
Uun, makasih wis dadi kanca terpendek ke 2’ne aku…:D Jujur, kowen luwih ayu yen nganggo kacamata (kuwe saran)…:D Ndean neng KASETSU sing mantane paling akeh kowen tok yahh…:D Aja keseringen neng metikan, mending duite di celengi yen ora yaa nggo aku…:D Kowen tah hobine pacaran…:D Intine makasih Un, wis dadi kancane aku… :)








31. Yankotinu Al-Qod'r Jonnata
Yanko, makasih wis dadi partner’e aku masalah workshop…:D Bocah paling rajin workshop + ijin kowen tok…:D wedi karo matematika, wonge alay, rempong. Yen dipecat saka ekstra aja nangis yaa?? :D Eh iyaa makasih wis nyilihkena DVD eksternal’e, makasih juga wis repot – repot mangkat padahal libur, nggo syuting tok (dibayar tah mending yah)…:D paling angel nulis namane kowen, mbuh kye bener oraa...:D oh iyaa akeh salam nggo kowen, salam AKB, salam 69, salam jones (saiki ora yah), salam njaprut…:D Intine makasih yan, wis dadi kancane aku… :)





32. Yesi Indriyani
Yesi, makasih wis dadi kanca sing paling ora akrab karo aku…:D Aku be juga nyadar omong – omongan karo kowen be dong penting tok, yaa pas kelompok sawise kuwe ora tau. Aja terlalu minder, yen ana tantangan hadapi, aja malah lari (mending larine kwe lari menghadapi aja lari dalam artian kabur). Anak KASETSU sing mbontot + namane kowen “YES” jare pak Saryoto, “YES KASETSU”…:D Intine makasih yes, wis dadi kancane aku… :)






11. Gilang Noerochmat
Gilang, makasih wis mengisi waktu 3 tahun terakhir ini… :) tapi maaf aku ngrepoti + gawe beban. Saiki wis waktune kowen istirahat gentian aku sing gawe lembaran baru. Makasih juga gilang, wis menemani bocah sing aku saying dari “L”, menuju ke “E”, menuju lagi ke “R”, menuju lagi ke“N”, menuju lagi ke “I”, dan proses menuju “M”. Untuk yang “M” serahkan ke aku, aku yang akan jaga dia. Jadi sekarang waktunya kamu istirahat… :) Sayonara…







Kesimpulan : Dari ke 31 anggota KASETSU wonge unik – unik, beda kabeh sifate. Saling melengkapi (mungkin), olih julukan kelas kebersamaan (AT be gagal). Wis cukup semene penjelasane, yen ana sing pan comment silahkan isi di kolom komentar. Yen pan wein oleh – oleh yaa langsung bae neng umahe aku RT 05/06 Dukuh wungu Pangkah…


       Wassalamu’alaikum Wr. Wb…

Comments

  1. Bet365: How to Become an Official Casino? - Wolverione
    Bet365 - How to Become an Official 바카라사이트 Casino? septcasino · One of the most common ways to gain access to casino information, is 바카라 through online betting and casino games. · Bet365

    ReplyDelete

Post a Comment

Popular posts from this blog

Pertanyaan dan Jawaban Interpersonal Skill dalam Lingkup Organisasi